Wednesday, 19 October 2011

Bibit Bebet Bobot

Iki aku meh njabani requese kancaku, dek'e ki kuliah nang salah sijine Universitas Negri nang Jogja, sebut wae mawar ngono yo. .Bocah mau muni pisan pisan postng nganggo boso jowo, ning temane aku dewe sing nentokke :D
Teko tak jabani wae to, gandeng yo ono getih jowo ngalir nang awakku :D
Sisan nglestarike boso jowo, tapi iki udu jowo alus, masalae aku yo ra tekno mudeng nek alus, tur yo aq udu golongan priyai ^^

Langsung wae yo, mbangane kakean cingcong ming mumpluk tok. .Aku meh mbahas bibit bebet bobot, sing jare kui mau ge patokan nek golek jodo. . Koe kabeh, ngerti arti bibit bebet bobot mau ra?? nah, nek rung reti tak wei gambarane sitik nyoh. .Bibit, iki definisine udu bibit wit witan dab, tapi yo meh podolah. Artine kui asal usule, utowo keturunan. Wis rodo due bayangan to? sip, pinter :D
Nek bebet ki luwih luwih ngarah nang lingkunganmu, gaulanmu .. Saiki sing terahir, bobot . .Kui poin pentinge, klakuane bocah kui, tindak tanduke, polae. . Kiro kiro kongono kui definisine. .Bariki tak tambai umpluke, ben dowo postinganku iki :D
Ndek jaman mbien patokan kui biasane dadi pertimbangan golek jodo, opo meneh nang golongan priyai. .Percoyo ra dab?nek ra percoyo yo takon wae nang mbah gogel . .Aku nek sinau opo garap tugas biasane konsul rono kui, jan pinter tenan simbah ki cenan, aku padamulah pokoke :D
Tapi cen tenan iki dab, bab bibit bebet bobot mau, ora ngapusi aku. .Mbahku yo wis tau kondo ngono kui. .

Nek jaman saiki lak ra njamani to wisan ngono ki. Sing gek dadi tema ki nek saiki cocok, dinggo, pegat (rodo sadis koyone yo) tapi pancen tenan kahanane saiki ngono kui, wis jan. .Koyo tuku sendal wae, dinggo ra cocok baleke,hahaha
Kui mau jenenge pergeseran jaman dab, ojo kaget koe. .Tiwas nek kagetan ngko jantungen, ra lucu to nek ko'id goro goro kongono kui. Ra elit nek jare wong kota . . Suk jamane anak putune awakdewe mesti ekstrim meneh (wis jelas kui), makane suk nek due anak diawasi tenan. Opo meneh nek wedok, ojo ngasi di udal udal anak'e uwong sak durunge sah. .Nek anakmu lanang mesti mbejujak, ojo juk muni maklum lanang. Kui kudu dikontrol, tek np jal? Aq is tau moco hadis opo kae,lali. tapi intine anak ki titipan seko sing Kuoso. Nek jenenge titipan artine opo? Kudu di jogo to?Nah suk tugasmu ndidik titipan kui (aku barang iki). .
Marai kelingan ki dab karo omongane salah sijining wong pinter. .Muni ngene ki, soyo modern jaman, ugo soyo ilang ahlak manusiawine. .Tapi nek dipikir pikir yo tenan. Teko digatek'e wae lingkunganmu kui, lingkungan ki jan jane panggonan kang okeh banget sing keno ge sinau. .

Wis lah,semene wae aku le ndopok. .Wis pegel drijine ,monggo bareng bareng lestarike budaya timur sing terkenal tata lakune sing jos mau ^^

1 comments :

Bp delete 25 February 2015 at 06:38

bener juga nih, klo orang jawa biasanya bilang gitu


http://www.silence.webz.my.id/